Materi bahasa jawa kelas X
   BAB 1


     Serat wedhatama iku anggitane kangjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (KGPAA)Mangkunegara lV.Tembung 'serat' tegese tulisan/karya, Wedha tegese wulangan/tuntunan,dene 'tama' duwe teges kautaman.Serat wedhatama dianggit wujud tembang macapat Pupuh pangkur,sinom,pocung, gambuh,lan kinanthi.

A. Maca teks serat wedhatama pupuh pangkur


Mingkar-mingkuring angkara,
Akarana karenan mardi siwi,
Sinawung resmining kidung,
Sinuba sinukarta,
Mrih kretarta pakartining,
Ilmu luhung,
Kang tumrap ing tanah jawa,
Agama ageming aji.

B. Pupuh pangkur,guru gatra,guru lagu,lan       guru wilangan


  • Pupuh pangkur ing serat wedhatama ngemot tembang cacahe 14 bait.sapada tembang pangkur kiwa iki kawiwitan saka tembung 'mingkur' tekan tembung 'aji'.
  • Guru gatra,yaiku wewaton cacahe larik saben sapada.guru gatrane saben papada tembang pangkur ana 7.
  • Guru lagu,yaiku wewaton dhong-dhinge swara utawa sukonwolune swara saben pungkasane gatra.guru lagune tambang pangkur,yaiku a,i,u,a,u,a,i
  • Guru wilangan,yaiku wewaton cacahe wanda (suku kata) saben gatra.dadi,guru wilangane tembang pangkur,yaiku 8,11,8,7,12,8,8.
  • Supaya gampang dieling-eling,guru wilangan lan guru lagune tembang pangkur,biasane ditulis:8a,11i,8u,7a,12u,8a,8i.

C. Tuladha ngarang teks serat wedhatama
 
Ayo kanca padha padha berjuang (8a)
Dadi siswa pinter kang duwe prestasi (11i)
Iku siswa kang juwara (8u)
Kena dadi tuladha (7a)
Gawe arum jenenge sekolahan (12u)
Kondhang tekan manca negara (8a)
Saiba seneng rasane atiku (8i)


Sumber: nyinauni bahasa jawa kelas X SMA/SMK/MA

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini