Materi bahasa Jawa kelas XI
BAB 1


Ringkesan
   
   Serat wedhatama anggitane KGPAA Mangkunegara IV kajaba ngemot pupuh pungkur lan pupuh sinom uga ngemot pupuh pocung.Pupuh pocung mujudake pupuh kang kaping telu,isine 15 pada.

A. Maca lan nanggapi teks wedhatama pupuh pocung

                                   Pocung

          Ngelmu iku,Kalakone kanthi laku,
                        Lekase lawan kas,
                   Tegese kas nyantosani,
                 Setya budya Pangese dur,
                                 Angkara.

B. Nitik guru gatra,guru lagu,lan guru guru wilangan

  • Pupuh pocung ing serat wedhatama ngemot tembang cacahe 15 pada (bait),wiwit saka tembung (ngelmu iku...) Tekan tembung (angkara).
  • Guru gatra 4 larik.
  • Guru lagu u,a,i,a.
  • Guru wilangan 12,6,8,12
  • Supaya gampang dieling-eling,guru wilangan lan guru lagune tembang pocung,biasane ditulis 12u,6a,8i,12a

C. Tuladha ngarang cakepan tembang  pocung

Tuladha 1
Yen Sinau, Ojo karo tura turu (12u)
Atine seng bungah (6a)
Supaya ngilmune becik (8i)
Lakonono kanggo uripmu kang mulya (12a)

Tuladha 2
Murid iku wajib bekti lan mituhu (12u)
Pituturing dwija (6a)
Sabarang reh ngati ngati (8i)
Tata krama empan papan katindakno (12a)



Sumber: nyinauni buku bahasa jawa kelas XI SMA/SMK/MA

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini